Minggu, 09 September 2012

SYAIR TANPO KATON


1.        Syair kritikan untuk para pemimpin, pejabat Negara, pejabat abdi rakyat, wakil rakyat dll, dengan dilagukan memakai nada Syair tnpo waton(gus dur), yang semula dinyanyikan oleh shodiq dengan orkrestanya.
      Ngawiti ingsun nglaras sindiran.           Kelawan poro wong nang nduwuran.
Kang ndalanake dana anggaran.          Ojo sembrono tanpo itungan. 2x

2.       Duh poro konco priyo wanito.            Ojo mung njabat sarekat bloko.
Gur pinter janji ra’iso mbuktino.          Tembe mburine rakyat singsoro 2x

3.       Akeh kang pinter sekabehane.            Seneng ngakali marang kuline.
Elek’e dewe nggak diketokke.            Padahal iku akal buluse. 2x

4.       Gampang mbuju’i janjine goroh.          Kangge menangke tuku sworo.
Sarto wes lungguh nang kursi rojo.       Janji-janjine njur ora nyoto.2x

5.       Ayo sedulur jo nglaliake.                      Karo sing ndisik milih swarane.
Ojo nggedekke wetenge dewe             sing dukung kwee sik pangga kere.2x

6.       Dadi pejabat ora bakal swe.               Kadung  wes rakyat gak ngarepake.
Yen wes janji ne ra’ di bukti’ne.           Bakal didemo di gulingake 2x.

7.       Koran lan tivi podo ngabarke              pejabat maling akeh contohne.
Soko sing nduwur sak ngisorane          kroyoan nyunat jatah rakyate.2x

8.       Koyo wes  podo nunggu giliran           sopo sing nyolong bakal konangan.
Yen dipercoyo dadi pimpinan.             Kudu kang jujur lan kuat iman.2x

9.       Kuwasane dunyo ora hakiki               ayo dijogo lan di syukuri.
Yen panyuwune wes dituruti                nang  wong ngisorane jo nganti lali.2x

1    Urip kang ayem rumongso aman        dudu mergo ono neng nduwuran.
Sabar narimo senajan pas-pasan        nyukuri taqdir soko pangeran .2x

1    Yao poro konco dulur lan tonggo       kang durung bener podo elingo
Ojo di gunggung lan di jlomprokno    siji kang olo kabeh kang soro.2x

1    Sindiran iki ojo dadi atii                     digawe bingung lan ojo wediii.
Mung ngelingake kang duwe janji       mugo2 slamet jo nganti lali.