1.
Syair kritikan untuk para pemimpin, pejabat Negara, pejabat abdi rakyat, wakil rakyat dll, dengan dilagukan memakai nada Syair tnpo waton(gus dur), yang semula dinyanyikan oleh shodiq dengan orkrestanya.
Ngawiti ingsun nglaras sindiran. Kelawan poro wong nang nduwuran.
Kang ndalanake dana anggaran. Ojo sembrono tanpo itungan. 2x
2.
Duh poro konco priyo wanito. Ojo mung njabat sarekat
bloko.
Gur pinter janji ra’iso mbuktino. Tembe mburine rakyat singsoro 2x
3.
Akeh kang pinter sekabehane. Seneng ngakali marang kuline.
Elek’e dewe nggak diketokke. Padahal
iku akal buluse. 2x
4.
Gampang mbuju’i janjine goroh. Kangge menangke
tuku sworo.
Sarto wes lungguh nang kursi rojo. Janji-janjine njur ora nyoto.2x
5.
Ayo sedulur jo nglaliake. Karo sing ndisik milih swarane.
Ojo nggedekke wetenge dewe sing
dukung kwee sik pangga kere.2x
6.
Dadi pejabat ora bakal swe. Kadung wes rakyat gak ngarepake.
Yen wes janji ne ra’ di bukti’ne. Bakal didemo di gulingake 2x.
7.
Koran lan tivi podo ngabarke pejabat
maling akeh contohne.
Soko sing nduwur sak ngisorane kroyoan nyunat jatah rakyate.2x
8.
Koyo wes podo nunggu giliran sopo sing nyolong bakal konangan.
Yen dipercoyo dadi pimpinan. Kudu
kang jujur lan kuat iman.2x
9.
Kuwasane dunyo ora hakiki ayo dijogo lan di syukuri.
Yen panyuwune wes dituruti nang wong ngisorane jo nganti lali.2x
1 Urip kang ayem rumongso aman dudu mergo ono neng nduwuran.
Sabar narimo senajan pas-pasan nyukuri taqdir soko pangeran .2x
1 Yao poro konco dulur lan tonggo kang durung bener podo elingo
Ojo di gunggung lan di jlomprokno siji kang olo kabeh kang soro.2x
1 Sindiran iki ojo dadi atii digawe bingung
lan ojo wediii.
Mung ngelingake kang duwe janji mugo2 slamet jo nganti lali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar